Powered By Blogger

Selasa, 26 Maret 2013

PUISI KATROX



KATHOKKE’ WONG KATROX
(Celananya orang Desa)


Kelingan jaman mbiyen,naliko awakku isih bocah.
Ati seneng ora nate kroso susah,
dino-dino kroso ayem lan sarwo endah

Saben esuk aku tangi lan adus neng kali
Sarapan sego jagung lawuh terasi
Budhal sekolah karo nggowo kendhi
Ngirim sego kanggo bapak sing mancing neng kali

Liwat sawah sing ombo lan subur dalanku
Turut galengan cilik anggonku mlaku
Budhal kesusu karo mlayu-mlayu
Sikil nyeker ora nganggo sepatu

Tekan sekolah aku terus lungguh
Neng bangku kayu sing wis arep rubuh
Kayune rayapen amargo umure wis sepuh
Koyo pesawat sing lagi ditembaki musuh

Jam setengah wolu guruku lagi mlebu
Ngulang Pancasila sebagai dasar negaraku
Pedoman hidup kanggo negoro lan bongsoku
Supoyo makmur lan adil rakyatku

Jam setengah siji aku mulih sekolah
Mlayu neng halaman karo ngguyu bungah
Golek pari lan dele sing wis kutah
Nyemplung kedokkan ono ing tengahe sawah

Ora kroso sak iki wis jam telu sore
Wis wayahe aku mulih nggolekki mbokke
Nyetor asil anggone gresek pari lan dele
Supoyo sesuk iso di goreng lan dipangan rame-rame


Tidak ada komentar:

Posting Komentar